20.2.14

Sangoe Leladi #1


"Apa ta satemene poesaka kang aran Kalimasada ing djagad pakeliran wajang poerwa kae? Ana kang olehe ngontjek, gene Kalimasada ikoe gambaran pasadoeloerane para Pandhawa dhewe. Sada tjatjahe lima diboendheli dadi sidji Darmakoesoema, Werkoedara, Ardjoena, Nakoela, lan Sadewa. Kalimane mandjing dadi sidji, katelah "manoengsa" dhewe, minangka warganing bangsa, njipta diri pribadi kang patoet diseboet manoengsa. Jaikoe minangka wong (individoe) kang asipat sabar lan rela kaja Darmakoesoema. Awatak keras atine, ning ngerti karo tanggoeng jawabe, kaja werkoedara. Wani nandhang papa lan ora gampang moepoes kaja pahlawan Ardjoena. Tansah ngregani lan ngadjeni hak-hake lijan, lan ngerti goena paedahe njamboet gawe -"Keni kinarja darsana / panglimbang ala lan betjik / sajekti akeh kewala / lelakon kang dadi tamsil / masalahing ngaoerip / wahanira tinemoe / temahan anarima / moepoes papasthening takdir / poeloeh-poeloeh anglakoni kaelokan. Temboeng lija kang maknane tjedhak karo temboeng "nrima" jaikoe soemarah. Soemarah ateges manoet, mitoeroet, pasrah. Dene temboeng soemarah ikoe kaanane oega ora beda karo temboeng nrima. Katoelis ing nitisroeti, antarane diandharake keprije toemindak kang pantes ditindakake dening kawoela marang goeroene. Manoet Baoesastra karangane W.DJ.S Poerwadarminto, temboeng nrima, ndoeweni teges : nampa klawan panoewoen. Teges lijane : wis marem. Dene jen ditjotjogake karo temboeng "trima", temboeng ikoe bisa nduweni teges : tampa klawan panoewoen, wis soemeleh atine. Bandjoer jen temboeng nrima oetawa trima digathoegake karo temboeng lija kang kerep keproengoe oepama "nrima ing pandoem", oetawa trima ngalah. Nrima ing pandoem bisa ditegesi nampa kanthi legawaning manah djoemboeh karo apa kang wis ditindakake ; dene trima ngalah bisa ditegesi ikhlas nampa kawenangane lijan, oetawa benere lijan, soepaja ora noewoehake tjetjongkrahan. Ing masjarakat isih ana wewarah maknane tjedhak karo temboeng nrima, jaikoe : wani ngalah loehoer wekasane. Moeng, ing djaman iki kerep "diplesetake" dadi wani ngalah gampang... Tabokane.


Ana bebasan "was tiwas". Ikoe ngono dhapoer pepenget : oensoer rasa pangrasa was, oetawa wedi, ikoe angel banget olehe angoewasani lan njingkirake, awit wong oerip ikoe presasat wiwit lair tjengerrr wis ditoenggangi sarta dikoewasani dening rasa wedi. Jen akoe toemindak ngene, mengko moendhak ngonoO lan sateroese. Wos-wose tansah was soemelang ngadhepi kahanan kang bakal teka. Wedi ora oleh redjeki, wedi peteng, sepi, koeboeran, majit, memedi, lan sateroese. Kang loewih mbebajani jen nganti wediO. oerip. Njoer keblowok ing tekadO .nglaloe!!! Katoelis ing Qur'an, tinemoe ana ajat-ajat kang nerangake : wong-wong kang padha kandel imane lan tansah gawe betjik, gandjarane kepareng ana ing ngarsane pangerane. Moela, ora kadoenoengan rasa was soemelang lan wedi, lan oega ora kadoenoengan rasa soesah lan sedhih. Wong kang wis kaja ngono kahanane, oeripe pindha wis ana ing swargaloka, senad'jan ana ing djagad rame iki. Pethingane, bisa ngoewasani tjiptane (perasaane). Pepeling maoe apa ora perloe disurasa ing saben dina, sarta dilelatih klawan tlaten.Ana sawidjining wong kang wis 14 taoen soewene mertapa ing panggonan kang sepi. Woesana wong maoe antoek kasekten bisa mlakoe ing loemahing banjoe. Bandjoer sowan ngadhep sang goeroe, matoer : "Goeroe, koela sampoen angsal kasekten saged loemampah ing saloemahing toja!" Ngroengoe tjritane si moerid, sang goeroe malah doeka, kandane, "..., ngono? Apa ija ngono maoe kang dadi wohing kasoetapanmoe ing salawase iki, soewene 14 taoen???" Sabandjoere sang goeroe kandha ngene, "Wroehana, kasektenmoe bisa loemakoe ing loemahing banjoe ikoe adjine ora loewih saka dhoewit sarepis. Djalaran, wong lija tanpa mertapa, bisa doewe kasekten kajadene sira, moeng sarana dhoewit sarepis kanggo mbajar toekang tambang praoe, wis bisa njabrangi kali kang amba banget! Si siswa moeng toemoengkoel amarikeloe bae!