4.10.14

Sangoe leladi #5

Wong toewa soegih pitoetoer marang wong enom, merga roemangsa wis taoe ngalami. Ananging apa wis bisa mareni kalakoeawane kang mblasar: doeroeng karoewan. Terkadhang moeng lagi bisa noetoeri bae, jen doewe kareman doeroeng bisa mboewang, temboenge: "...ngemoengna awakkoe dhewe kang njeret, anak-poetoekoe tak soepatani ora slamet, jen ngantija njeret kaja akoe." Prasapa kaja mangkono ikoe: kadjaba angalap menang: ora mandi. Angele wong oerip, mata dhoewiten: loepoet, ora doewe dhoewit: saja loepoet. Sing betjik ikoe adja dhemen dhoewit, dhemena dajane. Ikoe bisa ngoeripake djenengmoe nganti toemeka ing pati. Beda karo wong soegih kang ora amek dajane dhoewite,bareng mati amale dadi reboetan, koeboere kapiran. Kadjeng keringaning awak, ikoe saka loehoering dradjat sarta misoewoering soegihe. Sanad'jan wong asor sarta wong ora doewe ija bisa kadjen keringan, terkadhang ngoengkoeli kadjen keringane sing leohoer lan sing soegih mau, ikoe jen bisa ngempakake oenggah-oenggoeh, soemoeroep adjining dhiri.



Jen kowe gawe kabetjikan, simpenan ana ing pethi, koentjine titipna ing lijan, soepaja kowe ora bisa mboekak isining pethi kabetjikan, awit jen kowe kang mboekak, gandane : mamboe, jen wong lija : aroem. Ora ana barang langgeng, moeng kabetjikan kang ora bisa sirna, sanad'jan kang gawe wis ana ing djaman kailangan, kabetjikan ja ora bisa ilang, isih ditinggal ing alam donja. Wong kang doewe lelabet mangkono, ikoe oenoesane manoengsa, patoet dadi soedarsananing ngaoerip. Angele wong oerip, mata dhoewiten: loepoet, ora doewe dhoewit: saja loepoet. Sing betjik ikoe adja dhemen dhoewit, dhemena dajane. Ikoe bisa ngoeripake djenengmoe nganti toemeka ing pati. Beda karo wong soegih kang ora amek dajane dhoewite,bareng mati amale dadi reboetan, koeboere kapiran. Kadjeng keringaning awak, ikoe saka loehoering dradjat sarta misoewoering soegihe. Sanad'jan wong asor sarta wong ora doewe ija bisa kadjen keringan, terkadhang ngoengkoeli kadjen keringane sing leohoer lan sing soegih mau, ikoe jen bisa ngempakake oenggah-oenggoeh, soemoeroep adjining dhiri