29.3.14

Sangoe Leladi #4

Ana sawidjining pandhita, ing wengi loenggoeh tepekoer (semedi) ing sapinggiring kali. Ora antara soewe ana maling kang arep nindakake pagawejan, liwat ing kono. Dheweke soemoeroep si pandhita (kang) lagi manoengkoe poedja, oega sawidjining maling kang lagi ngoempet, wedi katjekel dening polisi, moek moela dheweke bandjoer mikir: ing wengi ikoe dheweke mesthi apes nindakake pagawejane (maling), adja-adja sadoeroenge ketoeroetan sedjane dheweke mengko gek wis ketjekel polisi, awit disenggoeh ija wong kang digoleki. Sawise doewe gagasan mengkono, dheweke bandjoer moeroengake sedjane, lan bandjoer moelih!!! Sedhela maneh ana sawidjining wong (boediman), oega liwat ing kono, sawise (dheweke) soemoeroep marang si pandhita kang lagi semedi. Ing sarehne dheweke wis kanggonan ke-soetjian bandjoer mangerti, moela saka ikoe (dheweke) ora neroesake lakoene, nanging malah meloe-meloe semedi, ing satjedhake sang pandhita, kanthi pangajab ketoelaran ke-soetjian-ne. Amal lan bektine manoengsa ikoe goemantoeng ing sadjroning ati lan pikire, dadi doedoe moeng saka pakartine kang bisa kadoeloe dening saloemrahe wong. Oleh-olehane wong kang bisa doewe ati narima ikoe tansah ajem anteng, lan tentrem oeripe. Lire narima ora ateges moeng seleh soemendhe lan gelem narima ing pandoem apa anane. Narima mengkoe teges adoh saka watak drengki, pamrih, gedhene melik nggendhong lali marang apa kang doedoe hake. Soewalike, ngrilakake apa kang moela diboetoehake, bebasan sanjari boemi sadoemoek bathoek, bakal ditohi taker pati kanggo ngoekoehi apa kang moela dadi hake. Loewih saka ikoe, dhasar narima ora bakal ngedhap, ora gampang semplah ing kalane lagi ketaman ing bilahi, karana pertjaja Koewasaning Goesti!!



Ngoedi Kebatinan, kok dadak nganggo disranani ORA MENTINGAKE DONJA, ikoe kaleboe ing bebasan "LOEPOET ING PANDJANGKAH". Ora ngelingi jen oeripe ana ing donja, isih boetoeh njandang nganggo, mangan, lan kaloemrahan lija-lijane satjarane wong oerip ing donja. Dene toemrap wong abadan sapata, ora doewe kewadjiban ngremboeg anak bodjo, kena be oepama ngadohana babagan donja, bandjoer mahas ing asepi, tegese wis ora oerip ana ing masjarakat iki. Moeng bae olehe mentingake babagan donja ikoe, toemrape para marsoedi, koedoene tansah dikanteni eling, jen manoengsa ikoe kang angwasani donja, doedoe DONJANE kang angwasani manoengsa. Donja ikoe moeng alat bae, adja nganti manoengsane kang di-peralat dening si donja. Anggagas ned'ja nindakake lakoe sasar ikoe ing pamboerine bakal noemoesi/nglakoni pakerti kang njimpang saka bebener temenan. Moela ikoe aran prajoga oetawa tansah didjaga moerih pikiran iki ora klebon lali reresik djiwa lan batin, ben saja resik lan njuda tjatjad sarta bolot-bolot kang adate bisa nekakake memala. Djiwa ikoe sipat langgeng, lan loewih gedhe moenggoehing adjine, katimbang badan wadhag kang bakal sirna-roesak. Moela adja lali tansah ngoepakara djiwa amrih tjiptane moeng bakal noekoelake gagasan-gagasan oetama

17.3.14

Xprivacy Berikut Penjelasannya

Aplikasi ini membutuhkan Module XPose Framework untuk bisa mendukung kinerjanya, yang mana fungsinya adalah bisa membatasi kategori data yang diakses aplikasi. Hal ini bisa dilakukan dengan memberikan input pada aplikasi dengan atau tanpa data palsu . Ada beberapa kategori data yang bisa dibatasi, misalnya kontak atau lokasi. Jika Anda membatasi akses ke kontak untuk suatu aplikasi, hal ini akan membuat sistim mengirim daftar kontak kosong ke aplikasi tersebut, saat aplikasi meminta akses ke kontak Anda. Demikian pula, membatasi akses aplikasi ke lokasi Anda akan menampilkan lokasi acak atau data palsu dikirim ke aplikasi. XPrivacy tidak mencabut (yaitu blok) izin dari aplikasi, yang berarti sebagian besar aplikasi akan terus bekerja seperti sebelumnya dan tidak akan membuat apikasi menjadi force close. Ada dua pengecualian untuk hal ini, akses ke internet dan ke penyimpanan eksternal (biasanya kartu SD) dibatasi dengan menghentikan akses (mencabut izin). Tidak ada cara lain untuk menyadari hal ini, karena izin ini diproses oleh sistem Android dengan cara khusus. Sistem Android memproses izin ini untuk sistem dasar jaringan/berkas Linux. Jika membatasi kategori data pada suatu aplikasi bisa membuat masalah untuk aplikasi, hal ini bisa diatasi dengan mengijinkan akses ke kategori data lagi untuk menghilangkan masalah ini. Secara default, semua aplikasi yang baru diinstal tidak memiliki akses ke setiap kategori data sama sekali, fungsinya untuk mencegah aplikasi baru untuk mengakses data sensitif setelah instalasi. Setelah menginstal aplikasi baru, XPrivacy akan meminta Anda pada aplikasi baru untuk memiliki akses kategori data. XPrivacy dilengkapi dengan aplikasi browser, yang memungkinkan Anda untuk dengan cepat mengaktifkan atau menonaktifkan akses aplikasi ' untuk kategori data tertentu (misalnya untuk melihat dan mengontrol semua akses ke kamera). Hal ini juga memungkinkan untuk mengedit semua kategori data untuk suatu aplikasi. Untuk membantu Anda mengidentifikasi kemungkinan pada kebocoran data, XPrivacy akan memantau semua aplikasi yang berjalan saat mengakses data dan memblokir akses data yang sensitif. XPrivacy akan menampilkan ikon segitiga kuning setelah data pada kategori data yang telah digunakan. XPrivacy juga akan memunculkan notif jika aplikasi mengakses internet, memberitahukan bahwa aplikasi bisa menimbulkan risiko jika berbagi data dengan server eksternal. Ini hanya sebagai pedoman, karena aplikasi bisa mengakses internet melalui aplikasi lain juga. Jika aplikasi meminta izin sistem Android untuk mengakses data dalam kategori data, maka akan menampilkan ikon centang hijau, tapi ini hanya akan tampil ketika melihat satu aplikasi, karena memeriksa ijin bagi semua aplikasi prosesnya sangat lambat

13.3.14

Sangoe Leladi #3

Sabarang reh, sabarang gawe, lan kanijatan jen dipikir klawan mateng wis tjetha bakal betjik dadine, lakonana kanthi ati manteb madhep, adja nganti diganggoe tjara was soemelang, moela ampoeh prabawane. Ndjalari wong jen toemandange sarwa minggrang-minggring, jen ngranggeha sarwa gajoek-gajoek toena, jen loemakoe, djoemangkaha tansah mandheg toemoleh. Apamaneh, jen olehe tolah-toleh ngadhang-adhang pitoeloengan lijan, ikoe mratandhani koeranging kapertjajan marang awake dhewe. Rasa was soemelang ikoe padha bae karo ngapesake awake dhewe. Lan, sapa kang tansah digegirisi rasa was soemelang, ija bakal gampang kenaning apes, tangeh tansah toemibaning slamet. Moela, prajoga disingkiri Kang bisa mangerti marang kabetjikan, ngemoengake wong kang wis mangerti prekara kang diarani ala. Geni ora bisa mateni geni. Mangkono oega piala ora bisa mbengkas piala, moeng kabetjikan. Jen kowe doewe krenteg arep nindakake kabetjikan, tindakna saiki. Jen kok semayani sesoek wis ora bisa nindakake kabetjikan maoe. Dene jen doewe krenteg ala, soemenekna sesoek, bokmenawa ora sida kok tindakake, merga wis mateng poetoesanmoe. Males ala marang wong kang gawe ala, pantjen gampang. Nanging, jen njta prawira, pialaning lijan, walesen ing kabetjikan. Kang diarani kaoetaman, ora moeng njirik tindak ala, nanging ora doewe pepenginan nglakoni ala. Ikoe sedjatining kaoetaman.



Marganing tata tentrem ikoe sepisan soegih kawroeh. Kapindo: ati boeroes kang ginajoehe sarana nggegoelang megaring rokhani, lan oeriping djasmani ora botsih. Ora gampang ketarik ing gelar, kasengsem ing tata lair. Kasengsem ing semat lan dradjad andjoeroeng marang sipat ngangsa-ngangsa toewin pangwasa. Kasengsem ing wanod'ja-ju, lerege dhemen dolanan oetawa digawe dolananing wanod'ja. Kasengsem kang kaja ngono ikoe jen dioembar noekoelake angkara. Kamangka angkara mono ora doewe pamarem. Moela prajoga singkirana. Jen lagi nandhang sangsara, ketokna koewanen lan kasantosaning atimoe. Emas bisa kasoeroepan moernine, sarana linoeloeh ing geni, balik manoengsa, bisane katon kaprawirane jen tineter ing kasangsaran. Dak kira kang dadi toeking kasangsaran manoengsa ikoe, ora lija kedjaba moeng anggone aras-arasen roemagang ing gawe, lan gampang olehe nglokro. Kekoewataning ati loewih prajoga di-enggo anggegoelang ngrasakake sangsara, tinimbang kanggo nggegoelang soepaja bisa lan weroeh marang kasangsarane...dhewe.

12.3.14

Sangoe Leladi #2

Jen ketoewoehan osik ned'ja klawan temen-temen koemawoela marang Goesti, gegemen kanthi koekoeh ing atimoe. Malah koedoe dioedi adja nganti oetjoel, oetawa gedhene nganti woedhar saka kaelinganmoe. Awit, osik kang kaja ngono maoe ndjalari bisa adjeg eling lan soemingkir saka gagasan kang esthine njenjoeboer watak tjandhala ing boedi. Pantjen ora gampang ngoedi tansah kasinoengan eling karana wis dadi kodrating manoengsa ikoe kasarenan sifat apes lan lali. Pindhane wong leloengan adoh mesthi ana bae sandhoengane. Soeprandene jen tansah dilelatih kanthi moegen, istingarah Goesti Allah tertamtoe bakal ngoedaneni Ana dhawoeh pepatjoeh, sinawoeng ing basa poerwakanthi, moerih gampang apal-apalane, oetawa gampang tjoemantel sarta roemesep ing ati, ngene : djagat koedoe ingajoe-ajoe, adja ginawe retoe. Dadia wong kang tangane moeloeng - adja ngathoeng. Gandjaran toemrap wong sidhekah, paoekoeman toemrap wong srakah. Doeraka nafsoe. Rahardjaning bebrajan bisa ginajoeh saka mitoeloengi oetawa ngangkat fakir miskin, dene koseking bebrajan jen ana pakarti kang andjalari miskin. Wong kang temen-temen dzikir ing Allah, tamtoe pakartine aweh rahajoening bebrajan. Kabeh redjeki ikoe kagoengane Pangeran, toemrap manoengsa moeng gadhoehan, moela koedoe ditandjakake manoet adiling Allah, moerih ora mbethithil kabendon dening Allah.



Manoengsa jen nijat kepengin oerip tentrem, anteng, lan tansah lerem atine, kang perloe katindakake ing saben wektoe/wajah, jaikoe: adja nganti katalompen klawan adjeg lan loemintoe tansah prajitna lan waspada ngoelat-oelati derenging pepenginan. Pepenginan noekoelake karep, karep noekoelake nijat, lan kabeh maoe karana dening kasoeroeng oebaling angen-angen, lan rahsa. Ija lelelimaning pantjadrija: pandoeloe, panggroengoe, pangganda, pangarasaning koelit, lan pangrasaning ilat. Moela, kaleboe oenoesaning manoengsa pethingan lang ing djaman kebak godha rentjana bisa njirep kobaring nafsoe 'loeamahe". Djer, lerege moeng njebabake manoengsa bakal nandhang lelara soekma. Dadi woeta ora weroeh ing bebener, lirwa marang agama, lali marang koekoeming kodrat. Saben wong mesthi darbe pandjangka. Sok ngono-a, ora ana djangka kang kelakone tanpa djinangkah. Nglirwakake prekara ikoe ateges padha karo pikiran moeng di-oembar mati. Malah, bisa sineboet dosa, dene ora bisa nandjakake oeripe, oetawa ora meroehi marang kang bisa Peparing...oerip iki. Moeng kang perloe digatekake, adja kebat kliwat, ning ija adja ngoeler kambang, alon-alon angger kelakon, amrih ora nganti ketoendjang djaman. Adja kaselak kegoebel kasengsem angen-angen andjala angin, nanging ija adja gampang kapiandelan barang doeroeng karoewan, kang esthine mateni “grengseng”. Ikoe kabeh moela dadi sanduoengan, ing kalane tjabar ing gawe, bisa njoeda kapitajaning diri pribadi. Sjarat bakoe toemraping sapa bae kang kepengin oerip mandhiri...