| Jen kowe gawe kabetjikan, simpenan ana ing pethi, koentjine titipna ing lijan, soepaja kowe ora bisa mboekak isining pethi kabetjikan, awit jen kowe kang mboekak, gandane : mamboe, jen wong lija : aroem.
Ora ana barang langgeng, moeng kabetjikan kang ora bisa sirna, sanad'jan kang gawe wis ana ing djaman kailangan, kabetjikan ja ora bisa ilang, isih ditinggal ing alam donja. Wong kang doewe lelabet mangkono, ikoe oenoesane manoengsa, patoet dadi soedarsananing ngaoerip. |
Angele wong oerip, mata dhoewiten: loepoet, ora doewe dhoewit: saja loepoet. Sing betjik ikoe adja dhemen dhoewit, dhemena dajane. Ikoe bisa ngoeripake djenengmoe nganti toemeka ing pati. Beda karo wong soegih kang ora amek dajane dhoewite,bareng mati amale dadi reboetan, koeboere kapiran. Kadjeng keringaning awak, ikoe saka loehoering dradjat sarta misoewoering soegihe. Sanad'jan wong asor sarta wong ora doewe ija bisa kadjen keringan, terkadhang ngoengkoeli kadjen keringane sing leohoer lan sing soegih mau, ikoe jen bisa ngempakake oenggah-oenggoeh, soemoeroep adjining dhiri |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar