12.3.14

Sangoe Leladi #2

Jen ketoewoehan osik ned'ja klawan temen-temen koemawoela marang Goesti, gegemen kanthi koekoeh ing atimoe. Malah koedoe dioedi adja nganti oetjoel, oetawa gedhene nganti woedhar saka kaelinganmoe. Awit, osik kang kaja ngono maoe ndjalari bisa adjeg eling lan soemingkir saka gagasan kang esthine njenjoeboer watak tjandhala ing boedi. Pantjen ora gampang ngoedi tansah kasinoengan eling karana wis dadi kodrating manoengsa ikoe kasarenan sifat apes lan lali. Pindhane wong leloengan adoh mesthi ana bae sandhoengane. Soeprandene jen tansah dilelatih kanthi moegen, istingarah Goesti Allah tertamtoe bakal ngoedaneni Ana dhawoeh pepatjoeh, sinawoeng ing basa poerwakanthi, moerih gampang apal-apalane, oetawa gampang tjoemantel sarta roemesep ing ati, ngene : djagat koedoe ingajoe-ajoe, adja ginawe retoe. Dadia wong kang tangane moeloeng - adja ngathoeng. Gandjaran toemrap wong sidhekah, paoekoeman toemrap wong srakah. Doeraka nafsoe. Rahardjaning bebrajan bisa ginajoeh saka mitoeloengi oetawa ngangkat fakir miskin, dene koseking bebrajan jen ana pakarti kang andjalari miskin. Wong kang temen-temen dzikir ing Allah, tamtoe pakartine aweh rahajoening bebrajan. Kabeh redjeki ikoe kagoengane Pangeran, toemrap manoengsa moeng gadhoehan, moela koedoe ditandjakake manoet adiling Allah, moerih ora mbethithil kabendon dening Allah.



Manoengsa jen nijat kepengin oerip tentrem, anteng, lan tansah lerem atine, kang perloe katindakake ing saben wektoe/wajah, jaikoe: adja nganti katalompen klawan adjeg lan loemintoe tansah prajitna lan waspada ngoelat-oelati derenging pepenginan. Pepenginan noekoelake karep, karep noekoelake nijat, lan kabeh maoe karana dening kasoeroeng oebaling angen-angen, lan rahsa. Ija lelelimaning pantjadrija: pandoeloe, panggroengoe, pangganda, pangarasaning koelit, lan pangrasaning ilat. Moela, kaleboe oenoesaning manoengsa pethingan lang ing djaman kebak godha rentjana bisa njirep kobaring nafsoe 'loeamahe". Djer, lerege moeng njebabake manoengsa bakal nandhang lelara soekma. Dadi woeta ora weroeh ing bebener, lirwa marang agama, lali marang koekoeming kodrat. Saben wong mesthi darbe pandjangka. Sok ngono-a, ora ana djangka kang kelakone tanpa djinangkah. Nglirwakake prekara ikoe ateges padha karo pikiran moeng di-oembar mati. Malah, bisa sineboet dosa, dene ora bisa nandjakake oeripe, oetawa ora meroehi marang kang bisa Peparing...oerip iki. Moeng kang perloe digatekake, adja kebat kliwat, ning ija adja ngoeler kambang, alon-alon angger kelakon, amrih ora nganti ketoendjang djaman. Adja kaselak kegoebel kasengsem angen-angen andjala angin, nanging ija adja gampang kapiandelan barang doeroeng karoewan, kang esthine mateni “grengseng”. Ikoe kabeh moela dadi sanduoengan, ing kalane tjabar ing gawe, bisa njoeda kapitajaning diri pribadi. Sjarat bakoe toemraping sapa bae kang kepengin oerip mandhiri...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar