| Ana sawidjining pandhita, ing wengi loenggoeh tepekoer (semedi) ing sapinggiring kali. Ora antara soewe ana maling kang arep nindakake pagawejan, liwat ing kono. Dheweke soemoeroep si pandhita (kang) lagi manoengkoe poedja, oega sawidjining maling kang lagi ngoempet, wedi katjekel dening polisi, moek moela dheweke bandjoer mikir: ing wengi ikoe dheweke mesthi apes nindakake pagawejane (maling), adja-adja sadoeroenge ketoeroetan sedjane dheweke mengko gek wis ketjekel polisi, awit disenggoeh ija wong kang digoleki. Sawise doewe gagasan mengkono, dheweke bandjoer moeroengake sedjane, lan bandjoer moelih!!! Sedhela maneh ana sawidjining wong (boediman), oega liwat ing kono, sawise (dheweke) soemoeroep marang si pandhita kang lagi semedi. Ing sarehne dheweke wis kanggonan ke-soetjian bandjoer mangerti, moela saka ikoe (dheweke) ora neroesake lakoene, nanging malah meloe-meloe semedi, ing satjedhake sang pandhita, kanthi pangajab ketoelaran ke-soetjian-ne. Amal lan bektine manoengsa ikoe goemantoeng ing sadjroning ati lan pikire, dadi doedoe moeng saka pakartine kang bisa kadoeloe dening saloemrahe wong. |
Oleh-olehane wong kang bisa doewe ati narima ikoe tansah ajem anteng, lan tentrem oeripe. Lire narima ora ateges moeng seleh soemendhe lan gelem narima ing pandoem apa anane. Narima mengkoe teges adoh saka watak drengki, pamrih, gedhene melik nggendhong lali marang apa kang doedoe hake. Soewalike, ngrilakake apa kang moela diboetoehake, bebasan sanjari boemi sadoemoek bathoek, bakal ditohi taker pati kanggo ngoekoehi apa kang moela dadi hake. Loewih saka ikoe, dhasar narima ora bakal ngedhap, ora gampang semplah ing kalane lagi ketaman ing bilahi, karana pertjaja Koewasaning Goesti!! |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar