| Sabarang reh, sabarang gawe, lan kanijatan jen dipikir klawan mateng wis tjetha bakal betjik dadine, lakonana kanthi ati manteb madhep, adja nganti diganggoe tjara was soemelang, moela ampoeh prabawane. Ndjalari wong jen toemandange sarwa minggrang-minggring, jen ngranggeha sarwa gajoek-gajoek toena, jen loemakoe, djoemangkaha tansah mandheg toemoleh. Apamaneh, jen olehe tolah-toleh ngadhang-adhang pitoeloengan lijan, ikoe mratandhani koeranging kapertjajan marang awake dhewe. Rasa was soemelang ikoe padha bae karo ngapesake awake dhewe. Lan, sapa kang tansah digegirisi rasa was soemelang, ija bakal gampang kenaning apes, tangeh tansah toemibaning slamet. Moela, prajoga disingkiri |
Kang bisa mangerti marang kabetjikan, ngemoengake wong kang wis mangerti prekara kang diarani ala. Geni ora bisa mateni geni. Mangkono oega piala ora bisa mbengkas piala, moeng kabetjikan. Jen kowe doewe krenteg arep nindakake kabetjikan, tindakna saiki. Jen kok semayani sesoek wis ora bisa nindakake kabetjikan maoe. Dene jen doewe krenteg ala, soemenekna sesoek, bokmenawa ora sida kok tindakake, merga wis mateng poetoesanmoe. Males ala marang wong kang gawe ala, pantjen gampang. Nanging, jen njta prawira, pialaning lijan, walesen ing kabetjikan. Kang diarani kaoetaman, ora moeng njirik tindak ala, nanging ora doewe pepenginan nglakoni ala. Ikoe sedjatining kaoetaman. |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar